Senin, 12 Mei 2014

Syi'ir Mbah Idris Marzuki



Yaa robbana ya robbana ighfiirlana 2x
Wawalidina wal masyayikh ajma’in 2x

Dhuh pengeran kulo nyuwun  pangapuro
Kanggo tiyang sepah soho guru kulo
Ugi kanggo kulo lan musliem sedoyo
Ing Mekkah Madina lan sak alam dunyo

Dhuh pengeran kulo nyuwun kesaenan
Kangge poro putro lan putri harapan
Ugi saged nerusaken perjuangan
Jagi islam lan aqidah keimanan

Dhuh pengeran kulo nyuwun kawelasan
Kangge poro guru kang paring tuntunan
Tuntunan agami soho sesrawungan
Ingkang manfaati ing gesang bebrayan

Kuburipun guru soho tiyang sepah
Mugi dados taman surgo ingkang indah
Mugi tangi kubur mboten nampi susah
Dados tiyang ingkang pikantuk bebungah

Timbangan amale abot kesahenan
Ing jembatan sirodj mlampah kanti aman
Saking telogo Nabi pikantuk siraman
Ingkang ngelebur sedayaning kaluputan

Mugi gusti Allah ngumpulake kito
Ugi tiyang sepah lan guru sedoyo
Sareng Nabi lan wong kang sholeh ing surgo
Mugi Allah mboten nolak dungo kito

Mugio kito sedoyo khusnul khotimah
Ing akhire mongso nalikane pejah
Sholawat lan salam selawase mongso
Mugi katur ing Nabi kang nulung kito